Kamis, 21 September 2017

Teks Pacelathon (Drama)

Gawe Teks Pacelathon (Drama)

Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks pacelathon (drama) :

1.           Gawe salah siji tema sing bakal digawe drama.

2.           Nemtokake paraga lan wewatakane paraga kasebut.

3.           Gawe alur crita,adegan, lan pacelathon saka paraga.

4.           Nemtokake wektu,latar, lan papan panggonan crita.

5.           Wiwit nulis lan bayangake menawa drama kasebut dipentasake supaya bisa menjiwai

6.           Menawa ana sing dirasa kurang trep, naskah drama bisa diowahi sadurunge naskah kasebut dipentasake.

Mentasake Pacelathon (Drama)

Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge maragake sawijining paraga ing drama :

1.           Nggatekake blocking nalika ing panggung.

2.           Nggatekake swara (vokal)

              *   Swara kudu bisa dirungokake pamiyarsa

              *   Tembung – tembunge kudu cetha

              *   Ora monoton

3.           Nggatekake artikulasi

              Tembung-tembung kang diunikake kudu cetha, saengga pamiyarsa bisa ngerti maksude.

4.           Nggatekake intonasi

              Intonasi, yaiku tekanan-tekanan kang diwenehake ing tembung utawa dialog.

5.           Nggatekake mimik utawa ekspresi supaya luwih menghayati paraga kang diparagakake.

Tidak ada komentar:

Adsense