Karakteristik
Unggah-Ungguh Basa
Undha-Usuk Basa
Jawa
Ing basa Jawa ana istilah kang diarani
undha-usuk basa utawa tingkat tutur, uga istilah unggah-ungguh basa. Undha-usuk
basa utawa tingkat tutur mung
ngisaratake makna menawa ing basa
kuwi ana tingkatan – tingkatane. Wondone unggah – ungguh basa saliyane ngandhut
tingkatan-tingkatan sajroning basa uga ngandhut makna etika utawa kesantunan.
1. Basa Ngoko
Basa
ngoko kaperang dadi loro, yaiku :
a. Ngoko Lugu
Ngoko
Lugu, yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Tuladha :
·
Saiki
wis wengi, muliha sesuk wae
·
Sesuk
diajak ndeleng kethoprak
·
Mangana
dhisik yen arep lunga.
b. Ngoko Alus
Ngoko alus,
yaiku basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.
Tuladha :
·
Saiki
wis wengi, panjenengan kondurr sesuk wae
·
Sesuk
diajak mirsani kethoprak
·
Panjenengan
dhahar dhisik yen arep tindak.
2. Basa Krama
Basa krama
kaperang dadi loro, yaiku :
a.
Krama Lugu
Basa krama lugu,
yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Tuladha :
·
Sakmenika
sampun dalu, sampeyan wangsul benjing kemawon.
·
Benjing
dipunajak ningali kethoprak
·
Sampeyan
nedha rumiyin menawi badhe kesah
b. Krama Alus
Basa krama alus,
yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuiran tembung-tembung
krama inggil tumrap wng sing diajak guneman.
·
Sakmenika
sampun dalu, panjenengan kondur benjing kemawon.
·
Benjing
dipunajak mirsani kethoprak
·
Panjenengan
dhahar rumiyin menawi badhe tindhak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar