Kamis, 21 September 2017

Pitakon lan Jawaban Unggah - Ungguh Basa

Pitakon – Pitakon Unggah – Ungguh Basa
1.           Andharna tegese basa krama alus!
2.           Andharna panganggone basa ngoko lugu lan basa krama alus!
3.           Ukara ing ngisor iki owahana ing basa ngoko alus!
              Bapak siktas lagi teka saka omahe simbah ingMojokerto.
4.           Aandharna tegese basa krama lugu!
5.           Ukara ing ngisor iki owahana supaya trep unggah-ungguhe!
              Kula kalawau sampun dhawuh bilih duginipun Pak Kades radu siang.
Jawaban Pitakon Unggah – Ungguh Basa
1.           Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
2.           * Ngoko Lugu :
                   *          Sapadha-padha sing wis kulina
                   *          Ndhuwuran marang andhahan
                   *          Wong kang wis tuwa marang sing enom
                   *          Wong tuwa marang anake
                   *          Guru marang muride
                   *          Eyang marang putune
              * Krama Alus :
                   *          Wong enom marang wong tuwa
                   *          Marang wong sing luwih dhuwur drajate
3.           Bapak siktas lagi dhateng saka griyane simbah ing Mojokerto
4.           Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman
5.           Kula kalawau sampun dhawuh bilih rawuhipun Pak Kades radi siyang.

Tidak ada komentar:

Adsense